SOAL BAHASA JAWA SEMESTER 2
ULANGAN
KENAIKAN KELAS SEMESTER II
TAHUN
AJARAN 2013-2014
BATHIK
Mbathik padha
karo nggambar, utawa nyungginh ana ing mori (cita putih) nganggo malam. Tahap
sateruse ana sing diarani medel, nyelup ngerok malame sing isih padha nempel
ana ing morine. Asile yaiku jarit bathik, slendhang bathik, mori bathik. Iku
mau cara mbathik secara alami “manual”. Manawa ana ing industri, utawa pabrib
seje maneh. Umume kanggo mburu wektu, amrih gampang, asile mundhak akeh, kanthi
ngetung untung rugine. Umume bathik mau bathik cap.
Sedurunge
dibathik, mori putih mau dipola luwih dhisik nganggo potelot manut corake.
Macem-macem corak bathik iku, ana kawung, semen (semi ana lung-lungan), parang
kusuma, parang klithik, truntum, sida mukti, sida luhur, sekar jagat lan
liya-liyane isih akeh maneh. Iku bathik-bathik sing sipate klasik. Dene
bathik-bathik liyane, sing kreatif manut para penyungginge, manut designere
(pangrancange). Jogya lan Solo umume bathike corak klasik. Dene Pekalongan
umume bathike nganggo pola gambar kreatif, lan disengkuyung warna-warna alami.
Umpamane warna godhong ijo, warna kembang abang, utawa kuning.
Sejatine bathik
iku sumebar ana ing ngendi-endi, ora mung Jogya, Solo, Pekalongan bae. Ing
Lasem (Rembang), Jepara, Ponorogo, Tulungagung, Trenggalek, Sidoarjo, Tanjung
bumi Madura. Kutha utawa dhaerah liya ing sanjabane pulo Jawa uga ana sing duwe
asil bathik, kayata Jambi.
Satemene ora
angel budaya bathik supaya tetep lestari lan ngrembaka. Warga negara sing 240
yuta jiwa iki kabeh nganggo bathik. Slendhang bathik, popok bathik, kaos
bathik, jarit, klambi, kudhung, kopyah bathik, sarung bathik utawa clana
bathik.
Bocah-bocah
sekolah diajari nggambar corak bathik. Ana sekolah kejuruan bathik, ana BLK
bathik (Balai Latihan Kerja). Uga perlu pasar bathik apa toko bathik.
Bab-bab liyane
yaiku : anane utawa kebun kapas sing amba bawera. Pabrik pintal benang, pabrik
tenun, pabrik malam, lan pabrik pewarna tekstil.
I.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahe waca ing dhuwur?
2. Apa bahane mbatik?
Apa pirantine (peralatan) kanggo bathik?
3. Aranana corak-corak bathik?
4. Kepriye carane bathik iku?
5. Kutha-kutha ngendi sing kondhang ngasilake
bathik?
II.
Wenehana tanda ping (X) ana ing aksara a, b, c
utawa d minangka wangsulan kang bener!
1. Aku luwe, kok ora ana (pangan) ya tembung di
kurung benere . . .
a.
dipangan c.
dak pangan
b. kok pangan d. panganan
2. . . . sinau kowe oleh nonton TV
a.
mumpung c.
sawise
b. mulane
d. banjur
3. Sing nduren sajuring iku . . .
a.
pipine c. mripate
b. alise d. lambene
4. Tembung linggane kalonggaran yaiku . . .
a.
longgar c.
kalonggar
b. kalong d. longgaran
5. Wong kang penggaweane mulang wuruk arane . . .
a.
dhalang c.
koki
b. guru d. blantik
6. Gubug iku arane omah-omahan ing tengah . . .
a.
pasar c. sawah
b. lapangan d. alas
7. Anake dara arane piyik, yen anake pitik arane .
. .
a.
minthi c. kuthuk
b. blengur
d. meri
8. Godong kacang lanjaran lembayung, yen godhong
cocor bebek arane . . .
a. klaras
c. damen
b. sabrang d. tiba urip
9. Sapa sing gelem ngrewangi penggaweanku?. Ukara
iku diarani ukara . . .
a.
pakon c. warta
b. pitakon
d. panguwun
10. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun. Terusno
wangsulan mau.
a. dhuwit c. ngaso
b. bubuk d. pamit
11. Madukara iku kasatriyane . . .
a. arjuna c. nakulo
b. werkudoro
d. sadewo
12. Bapak lan ibu teko ngawa gedhang goreng. Basa
kramane nggawa yaiku . . .
a.
mbeto c. asta
b. nggawe
d. ngasta
13. Kandhang kewan galak sing dipageri wesi arane .
. .
a.
kurungan c.
kombong
b. krangkeng
d. gedhongan
14. Sepi ing pamrih, yen ditulis basa jawa . . .
a.
c.
b.
d.
15. Sumarno iku gedhe dhuwur, gagah . . . kaya Raden
Gatutkaca
a. perkasa c. pidegsa
b. wibawa
d. prakasa
16. Dhek wingi, bocah-bocah ulangan matematika.
Bocah-bocah iku ukara . . .
a.
jejer c. lesan
b. wasesa d. keterangan panggonan
17. Pasar tanah abang ludhes, amergo diamuk dening
si jago merah. Si jago merah tegese . . .
a. angin
lesus c. gunung njeblug
b. kobongan
d. banjir lahar
18. Yen wayah bengi peteng dhedhet, nanging yen
wayah awan . . .
a.
padhang jingglang c. abang branang
b. padhang clorot d. padhang terang
19. Sekawan dasa tiga
Yen ditulis nganggo nomor dadine . . .
a.
403 c. 14
b. 43 d. 103
20. Yen
ditulis latin unine . . .
a. gajah
munggah pager c. gajah munggah
palang
b. gajah mangan suket d. gajah ngidak palang
21. Ibu lagi masak jangan kembang ana ing pawon.
Kembang gedhang jenenge . . .
a.
debog c. menik
b. klaras
d. ontong
22. Olehe sarapan mang iwak tahu goreng karo lalapan
Tembung iwak tegese . . .
a.
panganan c.
kewan banyu
b. lawuh d. gorengan
23. Raden Gathutkoco satriya ing . . .
a.
jodipathi c. pringgondani
b. ngamarta
d. ngastina
24. Bapak guru nyerat wonten papan tulis.
Tembung
ngokone ukara ing dhuwur
a. pak
guru nulis surat
b. pak guru nulis ana papan tulis
c.
pak guru nulis ana kertas
d. pak guru nulis ning papan
25. Ukara tanggap mingunakake ater-ater . . .
a. tri
purusa c. seselan
b. anuswara d. panambang
III. Isenana
nganggo wangsulan sing bener!
1. Simbah lali ora nggawa payung. Basa krama
inggile . . .
2. Anake wedhus arane cempe, yen anak kadhal arane
. . .
3. Panggonan sepur leren/mandhek diarani . . .
4. Bapak lagi (gawe) layangan kanggo adhi. Tembung
dikurung benere . . .
5. Isine sawo kecik, isine nangka . . .
6. Kolang-kaling iku wohe . . .
7. Wedang bubuk, gula tebu, mata ngantuk . . .
8. Dolanan yen ditulis aksara jawa yaiku . . .
9. Dolanan ya dolanan . . . . , ojo lali sinau
10. Dadi bocah ojo sok keminter.
Keminter tembung linggane . . .
Komentar
Posting Komentar